Light Mode

Menyang konten

Timin

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Timin
Jeneng kimia 5-metilpirimidin-2,4(1H,3H)-dion
Jeneng liya 5-metilurasil
Rumus kimia C5H6N2O2
Massa molekul 126.11 g/mol
Titik lebur 316-317 degC
Nomor CAS 65-71-4
SMILES CC1=CNC(NC1=O)=O

Timina ora padha karo tiamin, siji jinis vitamin B.

Timina utawa 5-metilurasil wujud salah siji saka loro basa N pirimidina sing nyusun DNA. RNA ora duwe timina lan, kanthi sithik pangecualian, urasil nggantekake posisine. Ing DNA kanthi pilin dhobel, timina bakal iketan karo adenina liwat rong ikatan hidrogen kanggo mbentuk struktur sing stabil.

Timina bareng karo gula deoksiribosa mbentuk nukleosida sing karan deoksitimidina utawa timidina. Timidina bisa mbentuk nukleotida yen ngalami fosforilasi dadi dTMP, dTDP, utawa dTTP (deoksitimidina mono-, di-, utawa trifosfat). dTTP diperlokake sajeroning PCR minangka salah siji bahan baku nukleotida.